Kaca:Kridha Basa 1.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Panggedhéné ABRI njaluk palilah marang Bapak Bupati, Bapak Camat, lan Bapak Lurah sing mbawahake désa Padhas, arep urun iguh pratikel lan bau suku, bebarengan karo rakyat ing desa kono, mbangun desa Padhas. Mesthi bae panjaluke bapak-bapak ABRI kuwi ditampa kanthi bungahing ati.

Sawisé dirancang tharik-tharik, ing dina kang wis ditemtokaké, bapak-bapak ABRI kelakon teka ing désa Padhas. Ana ing upacara pembukaan Bapak Pimpinan ABRI ngendika, cuplikane ngéné, ”Sedulur-sedulur kabèh warganing désa Padhas sing daktresnani. Tekaku rene ora arep aweh apa-apa. Aku sakanca réné saperlu arep urun rembug, urun panemu, lan urun bau suku kanggo ajune désa Padhas. Muga-muga tekaku ing kéné bisa muwuhi rancaging lakuné pembangunan. Rakyat bungah banget. Pidhatoné Bapak Pimpinan ABRI kuwi diwangsuli nganggo keplok mawurahan.

Ora kalah trengginas, Bapak Bupati lan wakile rakyat désa Padhas kanthi cekak aos genti-gentèn pidhato. Wose isine mangayubagya tekané lan niyaté bapak-bapak ABRI kuwi.

Ana ing desa Padhas bapak-bapak ABRI kuwi suwéné rong puluh dina. Sajroné rong puluh dina kuwi, ing wayah awan bapak-bapak ABRI, rakyat lan para Pramuka padha gotong royong ndandani dalan, njerokaké kalèn, gawe buk, lan ndandani pager. Lan, uga gawé sumur bur, gawé papan kanggo adus, kanggo ngumbahi lan kanggo bebuwang, kang katelah aran MCK. Sumur bur lan MCK mau ora mung siji loro, nanging puluhan, cukup kanggo wong sadesa. Wayah bengi bapak-bapak ABRI mbiyantu petugas-petugas dinas ing Kecamatan kono menehi sesuluh marang rakyat Padhas. Yaiku, sesuluh bab transmigrasi, bab keluarga berencana, bab panjaganing kuwarasan, bab wiraswasta, lan sapanunggalané.

Sapungkuré bapak-bapak ABRI saka ing desa Padhas, kaanané désa dadi mundhak resik, mundhak reja, lan lakuné pembangunan uga dadi mundhak rancag.

64