Kaca:Kridha Basa 1.pdf/68

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-9

I. A. Wacanen batin!

ABRI Masuk Desa

Désa Padhas lemahé cengkar. Para kepala somahé akèh sing padha bara menyang liya panggonan. Ana sing dadi buruh bangunan, ana sing adol bau, ana sing dodolan. Sawetara sing padha ora bebara, padha tetanèn, nggarap lemah pategalané. Sarèhné lemah cengkar, mula pametuné ora kena dijagakaké kanggo nyampeti kabutuhané. Prakara kuwi mesthi bae ngrerendheti lakuné pembangunan. Ora mung rendhet, wiwit jaman biyèn nganti tekan saiki kaanané désa Padhas popog, ora ana kaundhakané apa-apa.

Weruh kaanan sing nrenyuhaké kuwi ABRI tanggap.

63