Kaca:Kridha Basa 1.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wata kang wèh pituduh, pinisah pinrih mring ngarga, angeter mring ibu Kunthi.

4. Punapa dadak kawula, purun pisah sadalu twin saari, aluwung upaminipun, kakangmas manggih boja, sapintena ing tilem boten ngrempelu, ngresula kantun nenadhah, ing mangké paduka manggih.

5. Wiyoga margi paduka, sinikara wasana karya pati, tansah ing wuri mawuyung, wigena pindha papa, yèn kongsia pisah ugi ta ing pungkur, kakangmas manggih cintraka, siniksa mring sri bupati.

6. Sinten ingkang nglabuhana, ya marmané sampun salah ing budi, mring kadang amrih tinungkul, dhuh kakang dhuh si kakang, pejah gesang saèstu lumuh yèn kantun.” Yata sang Jagal Birawa, duk myarsa wuwusing ari.

62