Kaca:Kridha Basa 1.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. Kowe wis tau krungu crita Rama Tambak? Yaiku crita sing nyritakaké bala kethek, balané Prabu Rama, mbendung segara sing ngelet-eleti Gunung Mahendra karo Kraton Ngalengka?
Rama Tambak kuwi crita wayang. Crita wayang mono baboné ana rong werna, yaitu crita Mahabarata karo crita Ramayana.
Dhèk jaman Surakarta akèh pujangga sing padha nganggit crita wayang. Upamané: Kyai Sindusastra nganggit buku Serat Arjunasasra, Serat Partakrama, Serat Srikandhi Maguru Manah, Serat Sumbadra Larung, Serat Cèkèl Wanèngpati.
Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga nganggit buku Jagal Birawa, Linggapura, Semar Mbarang Jantur, lan Kartawiyoga Maling.

Pethikan Layang Jagal Birawa ing ngisor iki tembangna bebarengan!

Durma

  1. Wanti-wanti pandhendhanira ki Patya, sang Birawa tan osik, anglir tugu waja, sinosog ngalang-alang, nora mantra-mantra sakit, akon malesa, sang Adipati nitir.
  2. Sang Birawa anggereng-gereng kéwala, bingung sang Adipati, entèk gegamannya, tan ana kang tumama, kaku tyas sigra marani, anggraut dhadha, tangan ro angruweki.
  3. Thokar-thakur, ”Mara ge sira malesa, takrasakné sethithik, gadamu kuwé ta, baya nora karasa, tiba nèng awakngong pasthi.” Sang Abirawa, nolih marang kang rayi.
  4. Risang Parta mangsit kinèn amalesa, sang Birawa nampan wangsiting arinya, gadgada gya rumupak, ki Patih bingung népangi, gantya dhinupak, jajanira Dipati.
  5. Sru kuwalik kátikel tiba ping sanga, tanginira ambithi, ginere rinupak, Patih akuthéthéran, tibanira dèn ideki, mring sang rawa, tepung tan bisa osik.

60