Kaca:Kridha Basa 1.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-8

I. A. Wacanen batin!

Bendungan Serbaguna Jatiluhur
Kridha Basa 1 (page 59 crop)

Biyèn, saben mangsa rendheng Kali Citarum ing tlatah Jawa Kulon banjir bandhang, gawé pituna kang ora sethithik marang pendhudhuk kang padha dedunung ing sakiwa-tengené. Sawah maèwu-èwu héktar kérut ing banjir lan karendhem ing banyu kali.

Bareng bangsa Indonesia wis uwal saka regemaning penjajah, Pamaréntah Republik Indonesia menggalih rékadaya carané ngentásaké rakyat ing sakiwa-tengené Kali Citarum kuwi saka bebaya banjir. Pepuntoning gagasan, Pamaréntah mbangun bendungan. Nanging, durung nganti rancangan mau katindakaké, Walanda nyaru wuwus bali mlebu ing laladané ne-

54