Kaca:Kridha Basa 1.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

wedhus prucul énak-énak nyenggut suket, kethèk mbujuki macan supaya kebo lan wedhus dimangsa baé. Pambujuké kethèk supaya wedhuse baé sing dimangsa dhisik. Weruh ana macan grundhuk, wedhus prucul waspada. Wit gedhang sing kobong kuwi dibijiki nganti padha ambruk. Weruh "kadigdayané" wedhus prucul, macan wedi, mlayu nggoleki papan pandhelikane kethèk. Kethèk ngguyu ngakak. ”O, macan jirih,” kandhane kethèk marang macan. ”Ayo takterke, nanging saka kadohan bae. Ngisin-isini macan wedi karo wedhus prucul.”

Kebo karo wedhus prucul lagi padha ngombe ana ing sendhang. Weruh macan teka, wedhus prucul kandha, ”Ha, kebeneran, iki kancané teka. Sing siji ndhasé wis dakbuwang menyang sendhang, sing siji teka soroh awak. Kéné, takpangan sisan. Macan nginguk menyang njero sendhang. Weruh ayang-ayangané ndhasé dhéwé dikira dhasé kancané. Cengkélak, macan mlayu nggolèki kethèk sing umpetan ana ing gegrumbulan.

Saiki kethèk saguh ngeteraké macan nganti tekan panggonané kebo karo wedhus prucul, ora mung saka ing kadohan. Malah saiki buntuté kethek ditalèkaké buntuté macan, déne si kethèk lungguh ana ing gigiring macan.

Kebo karo wedhus prucul wis nggrahita, manawa macan karo kethèk mesthi bakal teka manèh. Kanggo jaga-jaga, kebo karo wedhus prucul padha mangan godhong jati, pamrihé supaya lambené abang mèngèr-mèngèr.

Tekan ing panggonané kebo karo wedhus prucul, macan banget ing wediné. Jalaran, weruh lambéné wedhus prucul karo kebo abang mèngèr-mèngèr. Pangirané, kebo karo wedhus prucul mentas éntuk mangsa macan manèh. Macan cengkélak bali. Mlayu nggendring sipat kuping, ora nggagas yèn ing gigiré ana kethèk. Kethèk mrucut anggoné cekelan. Kethèk kesèrèt-sèrèt, awaké ajur mumur, mung kari buntuté sing isih kelèt dadi siji karo buntuté macan.

Saiki macan wis ora duwé kanca manèh, déné kebo karo wedhus

prucul isih lestari anggone padha memitran.

53