Kaca:Kridha Basa 1.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Lé, (kowé, ndika, jengandika) mau apa wis sida matur Bulik yèn aku arep rana?
  2. Yen ndika boten kesusu, boten kétang sedhéla (mang, sampeyan, panjenengan) mampir teng nggèné adhi kula.
  3. (Kowe, Sampeyan, Panjenengan) ki piyé ta, Dhik, aku rak wis matur bola-bali ta!
  4. Yu, sesuk (sampeyan, panjenengan, jengandika) mriki malih, nggih, kula tumbasi jamuné.

VI. Kowe wis tau krungu dongènge kancil balapan karo kéyong, baya
sakali kapusan kancil, kancil karo juru tani, utawa dongeng dumadine Rawa Pening, dongèng dumadiné candhi Lara Jonggrang, utawa dongeng Nyai Blorong, utawa dongèng-dongèng liyane sing klebu ewone fabel, legèndhe utawa mite.

Coba tulisen salah siji dongeng sing koapali dhéwé lan sing kosenengi dhéwé. Ora susah dawa-dawa ringkes bae!
Upamane kaya ing ngisor iki, wacanen!

Kebo Memitran karo Macan, Disétani Kethèk

Kebo njaluk pangayoman marang macan, diwènèhana panggonan ing tengahing alas sing ketel suketé, Macan nyaguhi nanging kanthi prajanji samangsa kebo wis lemu kudu gelem dadi mangsane si macan. Kebo ora kabotan. Kelakon, kebo memitran karo macan. Nalika awaké wis lemu macan lali marang janjiné kebo. Ndadak kethèk ngélingake.

Macan nagih janji. Kebo rumangsa wis rosa lan santosa. Macan digetak. Macan kagèt, mlayu nggendring sipat kuping. Rumangsa duwé satru, kebo ngajak memitran lan njaluk pangayoman marang kancil, kidang, menjangan, gajah, lan banthèng. Nanging, kéwan-kéwan kuwi ora ana sing gelem, jalaran kabèh uga padha wedi marang macan. Lucu, sing gelem malah wedhus prucul. Mula, wiwit nalika kuwi saben dina si kebo banjur runtang-runtung karo wedhus prucul.

Ing sawijining dina kebo karo wedhus prucul padha golèk pangan ing kebon gedhang sing wis diobong. Weruh kebo karo

52