Kaca:Kridha Basa 1.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Tulisen nganggo aksara Latin!

  1. ꧋ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦢꦶꦮꦱ꧈ꦒꦤꦶꦢꦤꦶꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧈
  2. ꧋ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦺꦱꦪꦩꦸꦁꦒꦴꦱꦪꦩꦸꦁꦒ꧉
  3. ꧋ꦩꦸꦒꦩꦸꦒꦲꦂꦮꦴꦲꦺꦢꦶꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥꦝꦔꦺꦫꦤ꧀꧈
  4. ꧋ꦪꦤꦶꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦒꦚ꧀ꦗꦂꦫꦤ꧀꧈
  5. ꧋ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦢꦶꦱꦽꦔꦼꦤ꧀ꦤꦶ꧉


V. Tembung njeron kurung ing ngisor iki pilihen sing cocog karo ukurane!

  1. (Ndika, Sampéyan, Jengandika) niku pripun nganyang disukakaké kok boten sida.
  2. (Ndika, Sampéyan, Jengandika) punapi derbé peksi ocèh-ocèhan?
  3. Dhi, (panjenengan, sampeuan, jengandika) punika wau saking griya kémawon punapa saking pundi, kok wanci ngaten sampun dumugi ngriki?
  4. Bulik, menawi (ndika, panjenengan, sampéyan) saéstu kondur dhateng Kedhiri kula badhé ndhèrèk.

51