Kaca:Kridha Basa 1.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

VI. A. Wacanen kang patitis!

PKS

PKS punika cekakanipun tembung Patroli Keamanan Sekolah. Patroli Keamanan Sekolah punika nama, mila boten kénging dipun cara jawèkaken, utawi dipun gantos mawi basa sanès. Patroli Keamanan Sekolah punika namanipun regu ing sekolahan ingkang ayahanipun mbiyantu warganing sekolahan njagi tata tentreming sekolahan.

Saben sekolahan kedah gadhah regu PKS. Awit tan kénging boten saben sekolahan temtu kepéngin kawontenaning sekolahanipun tata lan tentrem, tebih ing raos was sumelang. Langkung-langkung sekolahan ingkang mapanipun wonten ing sacelakipun margi ageng, margi ingkang ramé. Menawi boten katata, ing margi ingkang ramé temtu asring tuwuh kedadosan ingkang boten ngremenaken, upaminipun wontenipun tabrakan.

Bab tata tentreming kawontenipun margi punika dados tanggel jawabipun sadaya warganing negari ingkang sami langkung ing margi ngriku. Nanging bab punika taksih kathah para sadhèrèk ingkang boten rumaos, satemah perlu dipun awatawati utawi dipun jagi. Wondéné bebauning negari ingkang tinanggenah njagi lan ngawat-awati para ingkang lumampah ing margi supados lumampah manut pranatan ing samesthinipun punika bapak-bapak pulisi. Nanging, yektosipun cacahipun bapak pulisi punika boten imbang kaliyan ageng saha awrating jejibahanipun. Mila, ing babagan njagi tata tentreming margi punika bapak pulisi lajeng ndhapuk regu PKS ing sekolahan-sekolahan.

B. Wangsulana kang patitis!

  1. Apa irah-irahané wacan ing dhuwur kuwi?
  2. Wacan kuwi ana pirang alinéa?
  3. Coba tulisen baku-bakuning gagasan ing saben alinéa!

37