Kaca:Kridha Basa 1.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Bebukaning Atur

Nuwun, para nupiksa.

Ngaturi wuninga, bilih buku Kridha Basa SMP punika ngewrat racikaning wulangan basa Jawi ing SMP, kados ingkang kapacak wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran Bidang Studi Bahasa Jawa, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan babaran pungkasan.

Urutaning wulangan ing salebetipun buku punika kadamel cèples kaliyan urut-urutaning pokok bahasan ingkang kawrat wonten ing salebetipun Garis-garis Besar Program Pengajaran (GBPP) punika. Pamrihipun, sageda nggampilaken para kadang guru saha para anak murid ingkang sesarengan nindakaken kegiatan belajar mengajar bidang studi basa Jawi.

Latihan saha garapan ingkang kapacak wonten ing salebetipun buku punika kacawisaken kanggé para anak murid wonten ing sekolahan punapa déné wonten ing griya, minangka garapan kokurikuler. Sami kawuningan bilih garapan kokurikuler ingkang kacawisaken saha dipun tandangi ing samesthinipun punika nyengkuyung lumampahipun cara sinau ingkang kawastanan Cara Belajar Siswa Aktif (CBSA), ingkang tundonipun ndayani rumesepipun wulangan saged tumanem wonten ing celenging manahipun para anak murid, wekasan para anak murid saged munpangataken wohing wulangan punika ing saprayoginipun.

Kula pitados, buku punika taksih kathah kirang saha cèwètipun. Awit saking punika sadaya panyaruwé badhé kula tampi kanthi bingahing manah lan atur panuwun ingkang tanpa upami.

Panutuping atur, mugi-mugi buku Kridha Basa SMP punika saged suka sumbangsih sawatawis tumrap ajenging basa, bangsa lan nagari.
Nuwun.

Klaten

Aturipun pangracık

Maret 1988

i