Kaca:Kridha Basa 1.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Polres kuwi cekakané tembung Kepolisian Resor, déné Polsek cekakané tembung Kepolisian Sektor.

Ing pasrawungan, ana kang negesi tembung kepirid saka wanda-wandané tembung kuwi, digathuk-gathukaké manut panemuné dhéwé.

Cara negesi tembung piring. Wanda pi ditegesi sepi, wanda ring ditegesi miring. Sabanjuré, piring ditegesi sepiné yèn miring.

Cara negesi tembung kaya ngono kuwi jenengé jarwa dhosok, utawa kérata basa.

Aja padha kléru tampa. Polsek sing tegesé Kepolisian Sektor lan Polres cekakané tembung Kepolisian Resor, kuwi ora klebu éwoné jarwa dhosok utawa kérata basa. Kuwi cekakan.

Mara terangna, tembung-tembung ing ngisor iki umumé padha dijarwadhosoki kepriye?

  1. tebu  : ....
  2. cengkir  : ....
  3. wédang  : ....
  4. kuping  : ....
  5. kupluk  : ....

6. tépas  : ....
7. cangkir  : ....
8. siti  : ....
9. krikil  : ....
10. tandur  : ....

Poma dipoma, aja padha seneng njarwadhosoki utawa ngérata basa tembung, sabab njarwadhosoki tembung utawa ngérata basa tembung ateges negesi tembung sakarep-karep.

C. Regu PKS mbantu nata tertibé dalan

Tembung nata tertibé dalan kuwi tembung salah kaprah, sabab sing ditata dudu tertibé dalan, nanging wong utawa kendharaan sing mlaku ana ing dalan kuwi. Dadi, sing ditata dudu dalané, nanging lakuné wongé utawa lakuné tumpakan.

Gawéa ukara nganggo tembung-tembung salah kaprah ing ngisor iki!

  1. nyunduki saté
  2. mbunteli témpé
  3. netel jadah
  4. nggodhog wédang
  5. nguleg sambel

6. mènèk krambil
7. mipis jamu
8. ndhudhuk jugangan
9. ndheplok gethuk
10. nganam klasa

34