Kaca:Kridha Basa 1.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Brata : Éntuk, Dhik, cah bagus.
Wisnu : Apa, Mas, PKS kuwi? Kuwi rak cekakan ta, Mas?
Brata : Géné ki pinter. Hara, PKS ki cekakané tembung apa?
Wisnu : Ah, aku ora ngerti kok, Mas. Kandhanana ta!
Brata : PKS kuwi cekakané tembung Patroli Keamanan Sekolah.
Wisnu : Apa kabèh SMP ana kaya ngononé kuwi, Mas?
Brata : Kaya ngononé apa?
Wisnu : Kuwi lho, PKS kuwi..
Brata : Lha rak ya ngono sing cetha. Heeh, Dhik. Kabèh SMP kudu duwé PKS. Ora mung SMP. SMA, SPG, SGO, SMEA, lan liya-liyané uga kudu padha duwé PKS.
Wisnu : Kanggo apa, Mas?
Brata : Wo, gedhé banget gunané. Dhik Wisnu rak wis tau liwat ngarep sekolahanku, ta.
Wisnu : Kerep. Wah, dalané, Mas, ramé banget.
Brata : Saya yèn wayah ésuk, wayahé bocah-bocah padha mangkat sekolah, lan wayah awan wayahé murid-murid mulih sekolah. Raméné ora ilok. Lha, pas jam-jam ramé ngono kuwi PKS mbantu nata tertibé dalan.
Wisnu : Mas Brata ya wis tau éntuk giliran tugas jaga nèng dalan, Mas?
Brata : Durung, Dhik. Saiki isih tugasé mas-mas lan mbak-mbak klas telu. Bésuk, yèn reguku wis rampung latihané, genti tugas jaga. Mas-mas klas telu lèrèn, tata-tata ngadhepi EBTA.
Wisnu : Sing nglatih PKS kuwi apa ya mas-mas klas telu kuwi, Mas?
Brata  : : Sing nglatih Pak Pulisi. Pak Pulisi saka Polres utawa saka Polsek.
Wisnu : Aku bésuk ya kepéngin dadi regu PKS kaya Mas Brata.
Brata : Mula yèn maem sing akèh, bèn ndang gelis gedhé ndang latihan PKS.

32