Kaca:Kridha Basa 1.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Mungguh dunungé wadhuk kuwi ana ing tlatah Wanagiri. Ambané ora mekakat, nyakup padésan ing pirang-pirang kecamatan. Wadhuk kuwi jenengé Wadhuk Gajahmungkur, kapirit saka jenengé gunung sing dadi tuké Bengawan Sala.

V. Pacelathon iki apalna, banjur tindakna ana ing ngarep klas karo kanca-kancamu!

Amin : Pak, bénjing menapa saèstu dhateng Wanagiri?
Bapak : O, karepmu nonton Wadhuk Gajahmungkur kuwi, ta?
Amin : Inggih, Pak. Kabaripun ing Wadhuk Gajahmungkur ngrika sesawanganipun saé sanget.
Ibu : Sapa sing kandha, Lik?
Amin : Ingkang ngendika Pak Guru, Bu.
Ibu : Apa pak gurumu wis tau tindak rana?
Amin : Boten namung sampun naté.
Bapak : Lho, piyé kok boten namung sampun naté. Karepmu pak gurumu wis kerep banget tindak rana. Ngono apa piyé?
Amin : Inggih, Pak. Tiyang pak guru kula menika aslinipun pancèn Wanagiri.
Bapak : O, sing kokarepaké ki Pak Warno, pak gurumu sejarah kaé ta?
Amin : Inggih, Pak. Pak Warno menika aslinipun Wanagiri. Malah ngendikanipun, dhusunipun Pak Warno piyambak ugi katut keleb dipun damel wadhuk. Bapak ibu tuwin adhik-adhikipun Pak Warno lajeng tumut transmigrasi bedhol dhusun dhateng Sitiyung.
Ibu : Lha pak gurumu kok ora ndhèrèk transmigrasi bapak ibuné?
Amin : Ngendikanipun Pak Guru, kala semanten Pak Gun ngleresi sinau wonten ing IKIP Sala. Sejatosipun sarampungipun sekolah, Pak Guru badhé nusul rama ibunipun dhateng Sitiyung, Sumatra.
Bapak : Lha kok ora sida nusul généya?
Ibu : Lha iya, généya ora sida nusul?

28