Kaca:Kridha Basa 1.pdf/31

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

C. Wacanen sing patitis, tembung-tembung sing cap-capané kandel kedalna sing trep!

  1. Saben mangsa rendheng, wong-wong sing padha manggon ing sakiwa tengené Bengawan Sala iring ngisor tansah gorèh, atiné ora bisa tentrem.
  2. Aja ramé-ramé, bengi kuwi mangsané wong padha turu!
  3. Ibu tindak pasar, olèh-olèhé nangka.
  4. Ana unen-unen: Gupak pulut ora mangan nangkané.
  5. Saben Setu soré dhèwèké tampa bayar.
  6. Tampané nem ping telung èwu rupiyah.
  7. Mbah Kerta ndandani andha.
  8. Andhané untuné wis padha gapuk.

II. A. Rajakaya lan sato iwèn padha ilang.

Rajakaya kuwi kéwan ingon sing ngetokaké kaya, upamané kebo, sapi, lán jaran!

Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana camborané tembung raja, sing cumawis ing sisih tengen!

1. Anaké ora disangoni ..., nanging disangoni kapinteran.

2. Para ratu telukan padha asok glondhong pangareng-areng, pèni-pèni ..., guru bakal guru dadi.

3. Prakara ... kuwi wis ana ing tangané kang wajib.

4. Kanggo keslametaning negara, sang Prabu nganakaké slametan jenengé sesaji ...

5. Sang ... munjuk atur marang sang Prabu bab murcané Dèwi Sekartaji saka ing kedhaton.

a. rajapatni

b. rajapati

c. rajabrana

d. rajapèni

e. rajawedha.

B. Rajakaya, sato iwèn bangsané gegremetan, lan sakabèhing kéwan kuwi diarani sato kéwan.

Tembung sato kéwan kuwi jenengé tembung saroja, yaiku tembung loro sing padha tegesé sing dicambor dadi siji.

26