Kaca:Kridha Basa 1.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sato iwèn padha ilang lan mati, malah kala-kala ana sawetara kurban jiwa.

Pamaréntah banget anggoné prihatin lan menggalihaké carané nyingkiraké bebaya banjir Bengawan Sala kuwi. Pepuntoné penggalih banyu kali sing mbebayani kuwi disulap dadi banyu sing mumpangati. Ing tlatah ilèn-ilèn ing kali sisih ndhuwur dibangun wadhuk kanggo nadhahi lan nyimpen banyu udan mangsa rendheng sing padatan bablas mili anjog ing Bengawan sing njalari bena. Mungguh dunungé wadhuk kuwi ana ing tlatah Wanagiri. Ambané ora mekakat, nyakup padésan ing pirang-pirang kecamatan. Wadhuk kuwi jenengé Wadhuk Gajahmungkur, kapirit saka jenengé gunung sing dadi tuké Bengawan Sala.

Wadhuk Gajahmungkur mono mumpangaté gedhé banget. Kanthi anane wadhuk kuwi, bebaya banjir bandhang sing adhakané klakon ing mangsa rendheng bisa ditanggulangi. Kosokbaliné, anane bebaya kasatan banyu ing mangsa ketiga uga bisa sumingkir. Sawah tadhah udan sing ambané maèwu-èwu héktar, saiki ketiga rendheng bisa digarap ditanduri pari, ora tau bera. Jalaran, dioncori nganggo banyuné wadhuk kuwi. Kajaba kuwi, tlaga yasan sing ambané ora ilok kuwi uga didadèkaké panggonan kanggo miyara iwak. Mayuta-yuta bibit iwak disebar ing wadhuk. Sabanjuré, Wadhuk Gajahmungkur uga didadèkaké obyek wisata kang uga ngasilaké dhuwit ora sethithik tumrap Pemerintah Daerah lan masyarakat sakiwa-tengené wadhuk, njalari panguripane rakyat saya kepénak, jalaran pembangunan lakuné sansaya rancag.


B. Wangsulana kang patitis, nganggo basa krama sing luwes!

  1. Biyèn, saben mangsa rendheng wong-wong sing padha dedunung ing sauruting Bengawan Sala padha was sumelang atine. Apa sababé?
  2. Kanggo nanggulangi mbludagé Bengawan Sala kuwi, piye réka dayané Pamaréntah?
  3. Généya wadhuk ing Wanagiri kuwi dijenengaké Wadhuk Gajahmungkur?
  4. Mara critakna, apa baé manfaaté Wadhuk Gajahmungkur kuwi!

25