Kaca:Kridha Basa 1.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-4

I.A.Wacanen batin!

Wadhuk Gajahmungkur

Saben mangsa rendheng, wong-wong sing padha manggon ing sakiwa tengené Bengawan Sala iring ngisor tansah goreh, atiné ora bisa tentrem. Kang dadi jalarané ora liya banjir gedhé sing asalé saka Bengawan Sala.

Wis makaping-kaping banjir bandhangé Bengawan Sala njalari kapitunan gedhe banget tumrap wong-wong padésan sakiwa-tengené. Tetanduran ing sawah lan ing pategalan padha larut gusis, déné sing ora kéntir katut ing banjir bosok karendhem ing banyu. Atusan hektar sawah lan pategalan rusak babar pisan. Ora ngemungake sawah, tegal, lan tetandurane, omah saisiné akeh sing padha kérut katut ing banjir, raja kaya lan

24