Kaca:Kridha Basa 1.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Bangsa Indonesia telas kesabaranipun. Kala tanggal 19 Desember 1961 Presiden Sukarno ngumandhangaken Tri Komando Rakyat (Trikora) wonten ing sangajengipun rakyat Indonesia ing Ngayojakarta. Trikora punika dados pancadanipun Pamaréntah saha rakyat Indonesia, anggenipun badhé ngrebat wangsulipun Irian Barat saking cengkeremanipun bangsa Walandi. Salajengipun Presiden ndhapuk Komando Mandala Pembebasan Irian Barat, dipun cekak Komando Mandala, dipun pandhégani Bapak Mayor Jendral Suharto.

Anuju satunggaling dinten, ing salebetipun ngayahi ayahan Trikora punika, Komodor Yos Sudarso, Deputy Kepala Staf Angkatan Laut, nganglang ing Seganten Arafuru, niti priksa kawontenaning laladan tapel watesing papan ingkang dipun broki wadyabala Walandi. Ing pangangkah, asiling paniti priksa punika badhe kangge ngrancang anggenipun prajurit TNI badhé sumusup ing dharatanipun Irian Barat.
Kala semanten Komodor Yos Sudarso nitih kapal Motor Torpedo Boat (MTB) RI Macan Tutul. Déné para pandhèrèkipun, sawetawis nitih MTB RI Macan Kumbang, sapérangan nitih MTB RI Harimau. Kapal-kapal punika gadhahanipun Kesatuan Patroli Cepat ingkang dipun pandhegani déning Kapten Pelaut Wiratno. Boten kanyana, kapal-kapal punika dipun papagaken kapal mengsah, cacahipun kalih. Punapa déné malih ing gegana ugi wonten montor maburipun mengsah ingkang keklinteran nglinteri kapal-kapal punika. Cekaking cariyos, kapal RI Macan Tutul, RI Macan Kumbang saha RI Harimau kinepang mengsah, ing seganten punapa déné ing gegana.

Kala semanten wanci dalu kirang langkung pukul 9.15'. Montor maburipun mengsah punika ingkang satunggal dumadakan nglepasaken senjata arupi ”peluru suar”. Inggih punika peluru ingkang ngedalaken cahya sumunar, majari papan dunungipun kapal-kapal ingkang dipun titihi Komodor Yos Sudarso, saha kapal-kapal sanèsipun ingkang dipun titihi pendhèrèkipun.

Lumepasipun ”peluru suar” saking motor mabur punika lajeng

dipun susul lumepasipun mriyem saking kapalipun mengsah, tumuju dhateng papan dunungipun RI Macan Tutul, RI Macan Kumbang saha RI Harimau.

18