Kaca:Kridha Basa 1.pdf/22

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-3

I. A. Wacanen sing titi!

Yos Sudarso
Yos Sudarso

Sewelas taun dangunipun bangsa Indonesia mbudidaya

kanthi cara alus nedha wangsulipun Irian Barat (sapunika namanipun Irian Jaya) saking regemanipun bangsa Walandi. Nanging, pambudidaya punika cabar, boten angsal damel. 'Walandi puguh, boten purun ngulungaken Irian Barat dhateng bangsa Indonesia. Mangka, manut suraosipun prajanjian Konferensi Meja Bundar (KMB), Walandi sagah ngrampungaken prakawis Irian Barat punika ing salebetipun setunggal taun sasampunipun prajanjian punika dipun tandhatangani kala tanggal 23 Agustus 1949.

17