Kaca:Kridha Basa 1.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Unèn-unèn ing dhuwur kuwi jenengé parikan. Mara parikan-parikan ing ngisor iki rampungna nganggo tembung-tembung kang cumawis!


1. Kembang waru kembang mlathi
Dhasar ayu ....
2. Grenang-greneng nèng sor nangka
Dhasar anteng ....
3. Nandur asem sandhing ringin
Ayem tentrem ....
4. Kembang tlasih mbang kemangi
Tresna asih ....
5. Godhong maja godhong kawis
Gawé gela ....

a. ra wis uwis
b. tur jatmika
c. lair batin
d. marak ati
e. mring sasami


Gawéa parikan kaya tuladha ing dhuwur lima baé!

16