Kaca:Kridha Basa 1.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

4. Pésoné ....
5. Klambiné ....
6. Keboné Bapak ...
7. Dalané ....
8. Sawahé ....
9. Dosané ....
10. Trapsilané ....


B. Ukara-ukara panyandra ing ngisor iki durung ana jejeré. Mara wènèhana jejer sing trep!

  1. ... nyélacendhani
  2. ... ngandhan-andhan
  3. ... ngudhup turi
  4. ... ndurèn sajuring
  5. ... nanggal sepisan
  6. ... nraju mas
  7. ... nggendhéwa pinenthang
  8. ... nawon kemit
  9. ... ngolan-olan
  10. ... mukang gangsir


IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

Transmigrasi makaten ingkang baku ancasipun wonten kalih warni. Inggih punika ngradinaken tenaga kerja ing sadaya tlatah wewengkonipun nagari, déné ingkang angka kalih mbudidaya amrih gesangipun para warganing nagari ingkang sèkèng jalaran boten gadhah pakaryan ingkang mesthi, dados sakéca, ayem tentrem lair batos.

V. Tuladha:

a. Tegalan bera kidul désa kaé kagungané sapa?
b. Tegalan bera kidul désa kaé duwèké sapa?

Ukara kapisan dhapukané mawa basa ngoko alus, déné ukara kapindho mawa basa ngoko lugu.

14