Kaca:Kridha Basa 1.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isènana tembung-tembung sing cumawis ing sisih tengen!

  1. Resikan kuwi klebu péranganing ....
  2. Wong manembah brahala jenengé wong ....
  3. Wong ... kuwi lair lan batiné cengkah.
  4. ... marang Gusti Allah, tegesé manut marang dhawuhing Allah lan ngedohi pepacuhing Allah.
  5. Wong kang sélak marang agamané jenengé ....
  6. Gegayuhan becik kang disaranani ... lan panuwun kang mantheng, Gusti Allah mesthi bakal ngijabahi.
  7. Dhèwèké kaé pancèn ..., kenceng banget anggoné nglakoni agamané.
  8. Watak gumedhé, umuk, lan anggep iku klebu éwoné ....

a. munafik
b. musrik
c. takwa
d. iman
e. ikhtiyar
f. khusuk
g. murtad
h. takabur

I. Tuladha:

Pamaréntah tanggap

Pamaréntah  : jejer
tanggap  : wasésa

Jejer yaiku péranganing ukara sing dadi baku lairing gagasan. Déné wasésa yaiku péranganing ukara sing dadi andharaning jejer. Mula, wasésa uga diarani andharan.

A. Ukara-ukara ing ngisor iki durung ana andharané utawa wasésané. Mara wènèhana wasésa!

  1. Adhiku ....
  2. Bapak ....
  3. Ibu ....

13