Kaca:Kridha Basa 1.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

saged ngindhakaken asiling tetanèn. Ingkang arupi pantun, saged mindhak ngantos dumugi 6 ton utawi 10 ton. Kajawi punika, para transmigran ugi kedah nggatosaken pananemipun taneman-taneman sanès, upaminipun klapa, kopi, lan kacang brol. Punapa malih kedah sami purun ngingah-ingah raja kaya utawi iwèn. Perlunipun, samangsa anggènipun tetanèn mlèsèd, wontena pamedal sanès ingkang kénging kanggé sembulih. Satemah gesangipun transmigran dados mindhak saé. Awit, menawi para transmigran punika gesangipun popog kados rikala dèrèng boyong, ateges ada-ada transmigrasi punika muspra tanpa gina.

B. Wangsulana kang patitis nganggo basa krama!

  1. Kepriyé sumebaré pendhudhuk ing tlatah wewengkoné negara Republik Indonesia?
  2. Sumebaré pendhudhuk sing ora rata kuwi njalari apa? Terangna!
  3. Apa ancasé ada-ada transmigrasi kuwi?
  4. Ing papan anyar para transmigran kuwi kudu gelem apa?
  5. Apa manfaaté “panca usaha tani” sing dicakaké ing samesthiné?
  6. Transmigrasi sing muspra tanpa guna kuwi transmigrasi sing kepriye?

C. Wacan ing dhuwur kuwi wacanen sing patitis, laguné sing trep!

II. A. Tuladha:
kacingkrangan Uripé kacingkrangan jalaran ora duwé pakaryan sing maton.

Tembung-tembung ing ngisor iki gawénen ukara sing luwes, kaya tuladha ing dhuwur!

  1. mubra-mubru
  2. prasaja
  3. cethil
  4. gemi

5. ngebrèh
6. wekel
7. taberi
8. kesèd

12