Kaca:Kridha Basa 1.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pendhudhuk ingkang sumebaripun boten radin punika saged dados jalaran lampahipun pembangunan nasional kirang rancag. Ing pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel adhakanipun lajeng tuwuh kawontenan ingkang kirang prayogi. Upaminipun wontenipun tiyang ingkang boten gadhah panggaotan ingkang mesthi, laré ingkang boten komanan sekolahan, pamardining kasarasan ingkang nguciwani, tuwuhipun reresah ingkang njalari kawontenanipun masyarakat lajeng boten tentrem. Kosok wangsulipun, pulo ingkang pendhudhukipun namung sekedhik ugi njalari kirang rancaging lampahipun pembangunan. Upaminipun ing ngriku lajeng kathah papan jembar ingkang bera, awit pendhudhuk ing ngriku boten kaconggah nggarap amargi pancèn sampun kekathahen siti ingkang dados garapanipun. Tembungipun sanes papan ing ngriku kekirangan tenaga kerja.

Pamaréntah tanggap. Kanggé ngawékani amrih lampahing pembangunan boten sendhet ingkang jalaran sumebaripun pendhudhuk boten radin, Pamaréntah ngadani transmigrasi. Inggih punika mboyongi kulawarga saking pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel dhateng pulo ingkang taksih jembar bawéra. Upaminipun saking Tanah Jawi utawi saking Bali dhateng Sumatra, dhateng Sulawesi, utawi dhateng Irian Jaya. Warga ingkang dipun boyong punika dipun wastani warga transmigran.

Transmigrasi makaten ingkang baku ancasipun wonten kalih warni. Inggih punika ngradinaken “tenaga kerja” ing sedaya tlatah wewengkonipun negari. Déné ingkang angka kalih mbudidaya amrih gesangipun para warganing negari ingkang sèkèng jalaran boten gadhah pakaryan ingkang mesthi dados sekéca, ayem tentrem lair batos.

Amrih gesangipun para warga transmigran punika boten popog kados nalika dèrèng boyong transmigrasi, wonten ing papan énggal punika kedah sami purun sengkud makarya. Ingkang sami tetanèn kedah ngecakaken “panca usaha tani”. Srananipun: migunakaken bibit unggul, migunakaken rabuk, migunakaken obat-obatan, migunakaken toya oncoran (toya irigasi), lan nenanem kanthi ngecakaken kawruh tetanèn. Tetanèn ingkang ngecakaken “panca usaha tani” ing saleresipun,

11