Kaca:Kridha Basa 1.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan ka-2

I. A. Wacanen batin!

Transmigrasi
Transmigrasi

Tlatah wewengkonipun negari Republik Indonesia punika arupi pulo ageng-alit, maèwu-èwu. Sumebaripun pendhudhuk ing pulo-pulo boten radin. Wonten pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel, wonten ingkang namung pating kremya sakedhik sanget, malah wonten ingkang taksih suwung blung dèrèng wonten ingkang ngenggèni. Pulo ingkang pendhudhukipun jejel-riyel punika upaminipun Pulo Jawi, Pulo Bali lan Medura.

10