Kaca:Kridha Basa 1.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuladha purwakanthi sastra ing sajroning tembang:

   Wirangrong

 Karerantan rontang-ranting,
 rentenging tyas gung katonton,
 katetangi panggrantesing kalbu,
 brangtaning tyas keksi,
 narawung kawistara,
 surem kucem kang wadana.

 Mara, golèkana sastra apa sing padha tinemu ing sajroning tembang Wirangrong kuwi, sing nuwuhaké anané purwakanthi sastra!

9