Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Divara Hana Vania

Beda Dalane

Swargi wae ya ngerti
Yen kowe karo aku, mung cah cilik
Mlayu rana rene,
Ora ngerti sesuk gedhe meh dadi apa

Swargi wae ya ngerti
Yen kowe karo aku, mung cah sekolahan
Pengen duwe kanca akeh
Dolan bareng, urip kepenak bareng-bareng

Ya dakpikir kabeh kuwi cukup nggo awakku
Nanging, saiki caraku nglakoni urip wis beda
Owah gingsir!
Ana bab liyane sing kudu tak gagas

Wis wektune aku menehi kowe ngerti
Yen neng njero atiku
Ana gegayuhan liya sing kudu dakranggeh
Aku mung pengin kowe ngerti,
Yen aku lan kowe beda dalane

Sing kudu dilakoni saiki,
Mung nrima kasunyatan iki
Sing kudu dideleng saiki,
Mung nrima yen aku dudu duwekmu
Lan kowe dudu duwekku

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

45