Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/57

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Muhammad Arif


Manungsa

Donya iki wus tuwa
Okeh karusakan lan lelara kang digawe manungsa
Memala bisa teka samangsa mangsa
Hawa panas samsaya suwe samsaya tan kinira
Bumi padha bubar ing ngendi-endi
Amarga kuncine wus dencabuti
Banjir teka ing ngendi ngendi
Amarga kedhung wus denurugi
Dhuh Gusti lelakon apa iki
Donya samsaya suwe samsaya nggegirisi
Eksploitasi samsaya ganas
Tan bisa dibrastha
Ngrusak tanduran lan nggempur wadhas
Iku mau lelakone wong kang angkara

44

KRAKITHA KALAH WEGIG