Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/53

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Erliyana

Lara Ati apa udu?


Wengi iki atiku tansah mangkel
Mrengkekel ora isa diudhari kaya dene getih kenthel
Ora isa lega mikirke sliramu, utekku katon cunthel
Jerohanku tansya suwe ora karuhan, kaya lagi didedhel

Senajan aku lan sliramu ora bakal isa nyawiji dadi siji.
Nanging aja gawe lara ati iki nganti kepati-pati kaya mangkene
iki.
Sejatining aku iki kepencut banget marang pitutur becik, solah
bawa kang migunani
Nanging ora bisa didhelikke kanggo sapa satenane atimu sarwa-sarwi nggidhuhi

Ana perkara kang wigati sing marakke aku ora isa nglalekke
sliramu
Mesthi sliramu mikir perkara iki sepele yen keprungu
Ora liya yaiku amung kabeh percantenmu lan prasetyamu
Semono uga larikan uripmu narik kawigatenku

40

KRAKITHA KALAH WEGIG