Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Hilaria

Lurung Manggung


Titah tanpa budi
Kadi raga tanpa nyawa
Jalma kang utami
Nggendhong budi ksatria

Rinonce niat suci
Tumuju Hyang Maha Adi
Dadi panjangkaning urip
Kridha leladi pasrawungan

Ungeling ibu manggung ing manah
Dadi pepadhanging gesang
Pemuting lampah
Tinebihna kelu setan

Antologi Geguritan, Esai, Cerkak Bulan Bahasa dan Sastra

33