Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Hilaria

Nyawang Tanpa Srawung

Nyawang mendhung ing mangsa tengangé
Sinawang ing samun nora tumandhang
Cegah omong, nyuda guyon
Klakon dadi lelakon
Tanpa srawung saderma nyawang

Pawiyatan tanpa cantrik
Pindha kelir tanpa cakrik
Tan magatra amung swara
Agawe kapang sanja rowang
Tanpa srawung saderma nyawang

Pinanggya dadi memala
Kriwikan dadi grojogan
Linampahan amarga kahanan
Tanpa srawung, saderma nyawang
Mugya énggal paripurna

32

KRAKITHA KALAH WEGIG