Kaca:Krakitha Kalah Wegig.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Vighna

Tresna Nglegena

Tan malih jejering panggalih
Daktitipake madu arupa rindhu
Kang asih
Prasasat udan ing plataran kang ora mawujud
Njelma kembang wangi kang rungkud
Njur ngrembuyung disengkuyung

Aja kuwatir bakal sumingkir
Aja samar bakal nyamar
Aja ajrih bakal sesulih

Iki kang awujud tresna nglegena
Tan bakal neka-neka
Mung arupa rasa
Kang ora bisa sirna

28

KRAKITHA KALAH WEGIG