6 Hé, para sadoeloer, goenemkoe ikoe maoe dakgawé oepama toemrap ing akoe déwé lan Apollos krana kowé, soepaja kowé pada nggegoeroea marang akoe ora doewé pangrasa ngoengkoeli kang katoelisan, adja kongsi ana kang koemloengkoeng krana wong sidji enggoné nglawan ing sidjiné.
7 Awit sapa ta kang ngatjèkaké kowé? Lan kowé doewé apa kang ora saka enggonmoe tampa? Déné menawa dasar saka enggonmoe tampa, keprijé déné kowé teka goemoenggoeng wis kajaa ora tampa?
8 Kowé ikoe woes pada wareg, woes pada soegih, woes pada dadi ratoe, ora lantaran akoe. Bok ija kowé pada dadia ratoe, soepaja akoe ija pada mèloea dadi ratoe karo kowé.
9 Awitdéné pandoegakoe: akoe para rasoel iki pada kapatjak dadi asor déwé déning Allah, wis kaja katrap ing hoekoem pati. Oedjer akoe woes pada dadi tontonan marang djagad, ija marang para malaékat, ija marang para manoesa.
10 Akoe iki pada poenggoeng krana Kristoes, nanging kowé ikoe pada wasis ana ing Kristoes. Akoe pada apes, kowé pada rosa. Kowé pada kaoermatan, akoe paḍa ora kadjèn.
11 Kongsi toemeka ing waktoe iki akoe pada nandang loewé lan nandang ngelak, pada kawoedan, pada dibițeni, pada nglembara.
12 sarta rekasa enggonkoe pada njamboet gawé klawan tangankoe déwé. Lamoen dioeman-oeman, pada moedjèkaké betjik. Dikoeja-koeja pada njabari.
13 Dialak-alakaké pada males soemèh. Akoe woes pada dadi kaja leleteking djagad, kaja gedibalé wong kabèh kongsi toemeka ing saiki.
14 Enggonkoe noelis ikoe maoe ora ngisin-isin marang kowé, nanging kowé pada dakélingaké kaja anakkoe kekasih.
15 Sabab sanadyan kowé paḍa doewéa goeroe saleksa ana ing patoenggilané Kristoes, nanging jèn moenggoeh bapa ora doewé akèh, marga akoe kang nganakaké kowé ana ing Kristoes Jésoes srana Indjil.
16 Kang ikoe pitoetoerkoe ing kowé: Pada noelada marang akoe.
17 Ija ikoe moelané Timotéoes, kang dadi anakkoe kekasih lan toememen ana ing patoenggilané Goesti, dakkongkon nemoni kowé, ikoe kang bakal ngélingaké kowé moenggoeh lakoekoe kang ana ing Kristoes, kaja kang dadi pamoelangkoe ana ing seḍéngah pasamoean ing saenggon-enggon.
18 Nanging ana wong sawenèh kang pada koementoes, panjanané jèn akoe wis ora bakal nekani kowé.
19 Éwadéné menawa Goesti pareng akoe bakal énggal nekani kowé, noeli kang bakal dakkawroehi: doedoe temboengé wong kang koementoes maoe, nanging dajané.
20 Sabab kratoné Allah ikoe roepa daja, ora roepa temboeng.
21 Karepmoe keprijé ? Tekakoe ing kowé apa nggawa gitik, apa klawan katresnan lan boedi sarèh?