djaba menawa kowé pada dadi tampikan.
6 Nanging pangarep-arepkoe kowé bakal pada ngrasakaké jèn akoe iki pada ora dadi tampikan.
7 Sarta panjoewoenkoe marang Allah: soepaja kowé adja pada gawé ala apa-apa. Ikoe ora soepaja akoe pada ketitika kanggo, nanging soepaja kowé pada nglakonana kang betjik, sanadyan akoe pada kajaa dadi tampikan.
8 Sabab akoe pada ora bisa apa-apa njoelajani ing kajektèn, moeng ngoeboengi ing kajektèn.
9 Awit akoe pada boengah menawa akoe iki apes, lan kowé pada rosa. Sarta manèh kang daksoewoen, moega kowé pada kasampoernakna.
10 Moelané ikoe maoe daktoelis saka ing kadohan, soepaja jèn adoe-arep akoe adja nganti kepeksa ngempakaké kereng mitoeroet ing wewenang peparingé Goesti marang akoe, kakarsakaké mbangoen, ora nggempoer.
11 Wasanané para sadoeloer, pada boengaha, pada ngaraha sampoerna, pada nrimaa dipitoetoeri, pada disaroedjoek, pada olaha atoet-roekoen, temah Allah kang mengkoe ing katresnan lan tentrem rahajoe bakal noenggil karo kowé.
12 Pada sesalamana klawan pangamboeng soetji. Sakèhé para soetji kirim salam marang kowe.
13 Sih-rahmaté Goesti Jésoes Kristoes, lan sihé Allah, toewin patoenggilané Roh Soetji anaa ing kowé kabèh. Amin.