1 Jèn kepeksa goemoenggoeng, sanadyan ora ana paédahé, éwadéné akoe bakal njandak bab tetingalan lan wahjoe kang saka Goesti.
2 Akoe weroeh wong kang ana ing patoenggilané Kristoes, sapréné woes ana patbelas taoen, -- emboeh ара kelakoné sadjroning badan, emboeh sadjabaning badan, Allah kang mirsa -- wong ikoe maoe doemadakan kapoeloeng tekan ing langit kang kateloe.
3 Akoe ija wero eh wong kang mengkono ikoe, -- emboeh apa kelakoné sadjroning badan, emboeh sadjabaning badan, Allah kang mirsa --
4 jèn doemadakan kapoeloeng menjang ing Pirdoes, bandjoer ngroengoe pangandika kang ora kena winirasa, kang ora kelilan dioetjapaké déning wong.
5 Wong kang kaja mengkono ikoe kang arep dakegoengaké, nanging awakkoe déwé ikoe ora bakal dakegoengaké, kedjaba moeng bab kaapesankoe.
6 Sabab saoepama akoe doewéa karep ngegoengaké awak, mesti akoe ora nganti tanpa boedi, awit tjlatoekoe bakal sanjatané. Nanging daktjegah, soepaja adja nganti ana wong kang doewé pangira ing ngatasé akoe ngloewihi saka sapandelengé oetawa sapangroengoené ana ing akoe.
7 Anadéné soepaja akoe adja kongsi mongkog awit saka kaloewihané wahjoe-wahjoe ikoe maoe, moelané akoe kagandjar soedjèn toemantjeb ing dagingkoe, ija ikoe malaékaté iblis, gawéné mbițèni akoe, soepaja akoe adja kongsi mongkog.
8 Bab ikoe akoe woes doewé panjoewoen marang Goesti kongsi rambah ping teloe, moega-moega soemingkira saka akoe.
9 Goesti bandjoer dawoeh marang akoe: Sih-rahmatingsoen ikoe njoekoepi marang sira, marga kawasaningsoen katindakaké sadjroné kaapesan. Kang ikoe klawan legawa banget enggonkoe milaoer arep ngegoengaké ing bab kaapesankoe, soepaja kawasané Sang Kristoes doemoenoenga ana ing akoe.
10 Moelané akoe demen marang kaapesan, lan dikaniaja, sarta ing bebaja, toewin dikoeja-koeja, apadéné ing karoepekan, kang krana saka Kristoes. Sabab samasa akoe apes, ikoe akoe koewat.
11 Akoe sadjroné ngegoengaké awak woes dadi tanpa boedi, kowé kang pada meksa marang akoe. Rak beneré akoe iki olèh pangalem saka kowé, awit akoe ora koetjiwa bab apa-apa katimbang karo para rasoel kang pinoendjoel koewé, sanadyan ora ana adjikoe.
12 Titikané kang dadi rasoel ikoe woes katélakaké ana ing antaramoe klawan sagoenging kaantepan, srana pratanḍa lan kaélokan toewin kasektèn.
13 Déné kowé ikoe ana koetjiwamoe apa karo pasamoean lija-lijané, kedjaba moeng déné akoe déwé ora nganti makéwoehi kowé ? Bok kowé pada ngapoeraa marang kaloepoetankoe ikoe.
14 Lah iki kaping teloené enggonkoe miranti arep nemoni kowe mangka bakal ora makéwoehi kowe.