Menyang kontèn

Kaca:Korinta.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kawasisan tjara manoesa, nanging woelangané Roh Soetji, dadiné pada meḍaraké prakara kasoekman patrap kasoekman.

14 Nanging wong kadjiwan ikoe ora njandak samoebarang kang saka Rohé Allah, marga dianggep kapoenggoengan, sarta ora bisa mangerti, marga titènané ikoe waton kasoekman.

15 Balik wong kang kasoekman ikoe niti samoebarang, nanging awaké déwé ora katiti déning sapa-sapaa.

16 Sapa ta kang soemoeroep ing panggalihé Pangéran, nganti bisa moelang marang Pandjenengané? Nanging moenggoeh akoe pada kadoenoengan panggalihé Kristoes.

BAB 3.
1--9. Bab watek kadagingan.

1 Dadiné akoe iki, para sadoeloer, maoené ora bisa mitoetoeri kowé kaja marang wong kasoekman, nanging kaja marang wong kadagingan, kaja marang botjah tjilik ana ing Kristoes.

2 Kang dakgawé ngingoni kowé ikoe banjoe soesoe, doedoe pangan kang akas. Marga nalika ikoe kowé pada doeroeng kelar. Sanadyan ing saiki ija doeroeng kelar,

3 awit kowé isih pada kadagingan. Jèn ta ing antaramoe ana reboet oenggoel lan dredah toewin pasoelajan, ikoe kowé apa ora pada kadagingan, lan lakoemoe apa ora tjara manoesa?

4 Jèn ta oedjaré kang sawidji: akoe manoet Paoel, lan sawidjiné akoe manoet Apollos, ikoe kowé apa ora pada kadagingan?

5 Paoel ikoe sapa ta? Lan Apollos ikoe sapa ta? Rak moeng pada abdi lantarané enggonmoe paḍa mandjing pratjaja, mawa-mawa enggoné pada kaparingan boeboehan déning Goesti.

6 Akoe kang nenandoer, Apollos kang njirami, nanging Allah kang noewoehaké.

7 Moelané kang nandoer lan kang njiram pada-pada ora keleboe ing itoeng, moeng Allah kang noewoehaké.

8 Anadéné kang nandoer lan kang njiram ikoe pada noenggal dadi sidji, nanging sakaroné bakal pada nampani pitoewasé déwé-déwé, mawa-mawa pagawéané.

9 Awit akoe iki pada abdiné Allah kang nḍèrèk ing pakarjané. Kang minangka palemahan olah-olahané Allah, ija dalem jasané Allah, ikoe kowé.

10--23. Bab dalem jasané Allah lan tetalesé.

10 Ing saboboté sihé Allah peparingé marang akoe, enggonkoe masang tetales kaja djoeroe jasa kang oendagi, mangka wong lija kang