kalilanana mèloe ing patoenggalan ngladèni marang para soetji.
5 Mangka ikoe ora ngamoengaké kaja kang dadi pangarep-arepkoe, malah kongsi pada njaosaké awaké déwé marang Goesti dingin, lan marang akoe oega awit saka karsané Allah.
6 Temah akoe pada moerih marang Titoes, soepaja kaja enggoné woes ngawiti dingin, ija mengkonoa oega enggoné ngrampoengaké ing kadarman iki ana ing antaramoe.
7 Kang ikoe kaja enggonmoe pada pinoendjoel ing sabarang prakara, ing pratjaja, ing pamitjara, ing kawroeh, ing tlatèn warna-warna, ing tresnamoe kang marang akoe, ija pada pinoendjoela ing bab kadarman iki oega.
8 Pitoetoerkoe mengkono ikoe ora ngemoe préntah, moeng kagawé nètèr toelèné katresnanmoe srana tlatèning lija.
9 Sabab kowé pada soemoeroep sih-rahmaté Goesti kita Jésoes Kristoes, déné sanadyan soegih karsa mandjing miskin krana kowé, soepaja marga saka kamiskinané kowé pada dadia soegih.
10 Akoe moeng awèh remboeg moenggoeh prakara maoe, awit ikoe maédahi kowé, déné kowé kang woes pada ngawiti dingin, nalika taoen kang kepoengkoer, ora ngamoengaké bab toemandang, malah oega bab sedya.
11 Kang ikoe ing samengko toemandangmoe maoe ija pada rampoengna pisan, soepaja dikaja woes ana legawaning ati kang meminihi panedya, mengkono ija anaa rampoengé oega saka kang dadi darbèkmoe.
12 Sabab menawa woes ana legawaning ati, ketrimané ikoe ing saboboté kang kedoewé, ora ing saboboté kang ora kedoewé.
13 Awit ora-orané kowé pada dieboti, soepaja wong lija pada kaèntèngna.
14 Nanging koedoe nganggo satimbang. Ing samengko kaloebèran kéné tetoeloenga marang kakoerangan kono, soepaja ing tembé kaloebèran kono ija tetoeloenga marang kakoerangan kéné, temahan dadi satimbang,
15 kaja kang woes katoelisan: Kang olèh akèh ora toerah, lan kang olèh sațiṭik, ora tjomprèng.
16 Nanging sokoer marang Allah kang woes maringi tlatèn kaja mengkono oega toemrap ing kowé ana ing atiné Titoes,
17 déné nganti noeroeti ing pandjaloekkoe, malah saka bangeting sregepé enggoné loenga nemoni kowé ikoe saka karepé déwé.
18 Titoes maoe ija dakkantèni sadoeloer kang woes olèh pangalemé pasamoean kabèh bab enggoné nggelaraké Indjil.
19 Lan ora ngamoengaké mengkono, malah sadoeloer maoe pantjèn woes kapilih déning para pasamoean, dadia kantikoe lelakoe enggonkoe pada kaboeboehan ngroemati kadarman iki, soepaja kaloehoerané Goesti pijambak, lan soepaja tetélaa legawaning atimoe.
20 Kang dakwékani, adja ana kang pada njoedjanani akoe bab enggonkoe pada ngroemati ing kaloebèran seméné iki.
21 Sabab akoe pada merlokaké kang oetama, ora ngamoengaké ana ing ngarsané Goesti, nanging oega ana ing ngarepaning wong.
22 Karodéné wong loro maoe pada dakkantèni manèh sadoeloerkoe,