Menyang kontèn

Kaca:Korinta.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

nging tansah pada boengah. Kaja miskin, éwadéné njoegihaké wong akèh. Kaja ora dedoewé, mangka ndarbèni samoebarang kabèh.

11--7:1. Bab kasoetjen.

11 Eh wong Korinta, tjangkemkoe pada kaboekak mitoetoeri kowé, atikoe pada kadjembaraké.

12 Enggonmoe ana sadjroning atikoe ikoe ora nḍoempil baé, nanging batinmoe déwé kang roepek.

13 Disatimbang pamalesmoe, pitoetoerkoe kaja marang anak-anak batinmoe ija pada djembarna.

14 Adja gelem dadi rakitan kang gèsèh sisihan karo wong kang ora pratjaja, sabab kasampoernan ikoe ana gegajoetané apa karo doeraka? Lan padang ikoe ana patoenggalané apa karo peteng?

15 Sarta Kristoes ana roedjoeké apa karo Bélial ? Oetawa wong kang pratjaja ikoe olèh pandoeman apa karo kang ora pratjaja?

16 Karodéné padalemané Allah ikoe ana tjondongé apa karo brahala? Awit kowé ikoe pada dadi padalemané Allah kang asipat gesang, kaja déné pangandikané Allah kang mengkéné: Ingsoen bakal dedalem lan pepara ana ing antarané, sarta Ingsoen bakal dadi Allahé, lan déwèké bakal pada dadi oematingsoen.

17 Moelané: sira pada metoea saka ing tengahé wong ikoe, pada misaha, mengkono dawoehé Pangéran. Lan adja pada nggepok sabarang kang nadjis, noeli sira bakal Soentrimah.

18 Sarta Ingsoen bakal dadi minangka Ramanira, lan sira pada minangka poetraningsoen lanang lan wadon. Mengkono pangandikané Pangéran kang Mahakawasa.


BAB 7.

1 Kang ikoe sarèhné kita pada kaparingan prasetya mengkono maoe, moelané pajo para kekasih, pada ngresiki awak kita déwé saka saroepané djedjembering daging lan ing soekma, sarta pada ngrampoengaké enggon kita olah kasoetjèn sadjroné wedi-asih marang Allah.

2--16. Bab prihatin kang noewoehaké kaboengahan.

2 Pada awèha papan marang akoe. Akoe pada ora pisan gawé sawenang-wenang marang wong, ora ngreroesak wong, ora ngasil-asil marang wong. 3 Pitoetoerkoe mengkono ikoe ora ngloepoetaké. Awit akoe maoe rak wis toetoer jèn kowé pada ana ing atikoe, soepaja barenga mati lan barenga oerip. 4 Akèh kakendelankoe marang kowé, akèh panggoenggoengkoe ingatasé kowé. Akoe soegih panglipoer, akoe karoban kaboengahan sadjroné sakèhé kasoesahankoe. 5 Awitdéné ija nalika satekakoe