woes pada mati. Mangka Pandjenengané woes nglampahi séda krana wong kabèh, soepaja wong kang pada perip ikoe, oeripé adja loemadi marang awaké déwé, nanging loemadia marang kang woes séda lan woes kawoengokaké krana saka awaké ikoe maoe.
16 Moelané wiwit ing samengko akoe wis pada ora ngawroehi wong moenggoeh ing daging. Lan sanadyan maoené akoe pada ngawroehi Kristoes moenggoeh ing daging, nanging ing samengko woes ora ngawroehi mengkono.
17 Kang ikoe menawa wong ana ing patoenggilané Kristoes, ikoe dadi titah anjar, kang lawas woes sirna, lah woes dadi anjar kabèh.
18 Mangka ikoe kabèh widjilé saka ing Allah, kang woes ngroekoenaké kita klawan sarirané marga déning Jésoes Kristoes, sarta woes mboeboehaké ajahaning tata-roekoen maoe marang akoe.
19 Awit déné Allah ana ing Kristoes ngroekoenaké djagad klawan sarirané pijambak, ora didjibahaké paneraké, sarta pangandikané tataroekoen maoe diemotaké ing akoe.
20 Dadiné akoe iki pada oetoesan krana Kristoes, kajaa Allah kang memerdi srana akoe. Pangoedikoe krana Kristoes, pada gelema diroekoenaké klawan Allah.
21 Awit Pandjenengané kang ora pisan kadoenoengan dosa, ikoe woes didosakaké krana kita, soepaja kita pada dadia kasampoernan kang saka ing Allah ana ing patoenggilané.
1 Anadéné akoe sarèhné pada ngréwangi ing gawé, ija pada doewé pangoedi marang kowé, soepaja enggonmoe pada nampani sih-rahmaté Allah ikoe adja kongsi nglaha.
2 Awit ana pangandikané mengkéné: Ing mangsa kang njenengaké sira woes Soensembadani, ing dinané karahajon sira woes Soenpitoeloengi. Lah saiki mangsa kang njenengaké, lah saiki dinané karahajon.
3 Akoe pada ora gawé sesandoengan bab sedéngaha prakara, soepaja boeboehan iki adja nganti ditjatjad.
4 Malah ing sabarang prakara akoe pada nglantaraké awakkoe déwé kaja para abdiné Allah, sadjroning kaantepan kang linoewih, ing sangsara, ing bebaja, ing karoepekan,
5 sadjroné kageboegan, kakoendjara, ing kagègèran, ing karekasan, kepeksa melèk, kepeksa ngelih,
6 sadjroning lakoe soetji, ing kawroeh, ing kasabaran, ing paramarta ing Roh Soetji, ing katresnan kang saloegoe,
7 ing pangandikané kajektèn, ing kasektèn peparingé Allah, srana gegamaning kasampoernan ing kiwa lan ing tengen,
8 marga saka pangalem lan panjela, marga saka kalok ala lan kalok betjik. Kaja djoeroe pamblițoek, mangka pada temen-temen.
9 Kaja wong kang ora kanggep, mangka kanggep oega. Kaja kang nenandjak arep mati, mangka pada lestari oerip. Kaja kang disiksa, mangka ora kongsi nemahi mati.
10 Kaja nandang prihatin, na-