toelisan, wiraosé: Sapa wong kang ngegoeng-egoengaké, ikoe ngegoengna moenggoeh ing Pangéran.
1 Akoe iki mengkono oega para sadoeloer, nalika nekani kowé, tekakoe ija ora nganggo kaloewihaning temboeng oetawa ing kawasisan enggonkoe martakaké paseksi kang saka ing Allah marang kowé.
2 Awitdéné akoe ora doewé sedya ngawroehi apa-apa ana ing antaramoe alija Jésoes Kristoes, toer kang kasalib.
3 Sarta anakoe ing kowé klawan apes lan melang-melang toewin goemeter banget.
4 Apadéné pitoetoer lan pamoelangkoe ikoe ora nganggo temboeng pangipoeking kawasisan tjara manoesa, nanging nganggo nélakaké sawabé Roh lan kasekten.
5 Soepaja pratjajamoe adja nganggo landesan kawasisaning manoesa, nanging kawasané Allah.
6 Dasar akoe pada nglairaké kawasisan ana ing antarané wong kang woes tjakep, moeng doedoe kawasisané djaman iki, lan doedoe kawasisané para panggedéné djaman iki, kang bakal pada sirna.
7 Nanging kang daklairaké ikoe roepa kekeran, ija ikoe kawasisan peparingé Allah kang maoené kasidem, kang woes katakdir déning Allah sadoeroengé poerwaning djaman moerih kaloehoeran kita.
8 Para panggeḍéné djaman iki ora ana kang soemoeroep ing kawasisan ikoe. Jen ta pada soemoeroepa, mesti ora nganti njalib marang Goestiné kamoeljan.
9 Nanging kaja kang woes katoelisan, wiraosé: Kang ora dinoeloe ing mripat lan ora karoengoe ing koeping, sarta kang ora toemoewoeh ing atiné wong, kang woes ditjawisaké déning Allah marang para kang nresnani.
10 Mangka akoe iki kang woes paḍa dilairi déning Allah marga déning Rohé, awitdéné Roh ikoe nitipriksa samoebarang kabèh, dalah wewadiné Allah.
11 Sapa ta panoenggalané manoesa kang soemoeroep apa kang ana ing manoesa, kedjaba moeng rohé manoesa kang ana ing batiné déwé? Mengkono oega ora ana kang soemoeroep apa kang ana ing Allah, kedjaba moeng Rohé Allah.
12 Mangka moenggoeh akoe iki, kang daktampani ikoe doedoe rohé djagad, nanging Roh kang saka ing Allah, soepaja pada soemoeroepa apa kang dadi sih-peparingé Allah marang kita.
13 Ija ikoe apa kang dakwetjakaké ora nganggo temboeng woelangané