Menyang kontèn

Kaca:Korinta.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kang beneré pada mboengahaké akoe. Oedjer panganggepkoe ingatasé kowé kabèh, jèn kaboengahankoe ikoe ija dadi kaboengahanmoe kabèh oega.

4 Sabab enggonkoe noelis lajang marang kowé ikoe maoe saka satengahing kasoesahan lan soempeking ati kang banget, klawan metokaké loéh akèh, ora moerih gawé prihatinmoe, nanging soepaja kowé pada soemoeroepa ing katresnankoe marang kowé kang loewih gedé.

5--17. Kang doewé kaloepoetan diapoera.

5 Éwadéné menawa ana kang gawé prihatin, ikoe doedoe akoe baé kang diprihatinaké, nanging setengah soepaja adja dakeboti-kowé kabèh.

6 Wong kang kaja mengkono maoe enggoné kapatrapan déning kang akèh ikoe woes tjoekoep.

7 Kang ikoe kowé malah angoer pada ngapoeraa lan nglipoera, soepaja wong ikoe adja kongsi ngenes déning kebangeten prihatiné.

8 Moelané pandjaloekkoe marang kowé, soepaja pada ngempakna katresnan manèh marang wong maoe.

9 Awit ija ikoe kang dadi toedjoené enggonkoe noelis lajang maoe, soepaja akoe nitika, apa kowé pada mitoehoe ing samoebarang.

10 Déné menawa ana kang koapoera apa-apa, akoe ija mengkono oega. Sabab sanadyan akoe iki menawa ana seḍéngah apa kang dakapoera, enggonkoe ngapoera ikoe krana kowé ana ing ngarsané Kristoes, soepaja kita adja kongsi pada kablitoek déning iblis.

11 Amarga kita pada ora ketamboehan apa kang dadi pangangenangené.

12 Anadéné bareng satekakoe ing Troas arep nggelaraké Indjilé Sang Kristoes, sanadyan woes kawenganan lawang marga déning Goesti, éwadéné akoe ora bisa ajem atikoe, marga akoe ora ketemoe sadoeloerkoe Titoes.

13 Malah bandjoer pamitan marang wong ing kono sarta mangkat menjang ing tanah Makedoni.

14 Allah pinoedjia, kang tansah paring kaoenggoelan marang akoe ana ing patoenggilané Sang Kristoes, sarta mbabaraké gandaning kawroehé lantaran akoe ana ing saenggon-enggon.

15 Sabab akoe pada minangka ganda aroem saka Kristoes soemaos marang Allah, ija toemrap ing wong kang pada nemoe karahajon, ija toemrap kang pada nemoe karoesakan.

16 Toemrap kang nemoe karoesakan ikoe dadi gandaning pati kang toemeka ing pati, toemrap kang nemoe karahajon, dadi gandaning oerip kang toemeka ing oerip. Déné sapa kang ketjonggah ing prakara mengkono ikoe.

17 Awit akoe pada ora ndagang pangandikané Allah kaja wong akèh, nanging klawan éklas ing ati, kaja atas karsané Allah lan ana ing pangajoenané Allah enggonkoe pada ngoetjap ana ing patoenggilané Kristoes.