Menyang kontèn

Kaca:Korinta.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

10 ija kang woes ngloewari akoe saka bebaja pati kang semono ikoe, lan kang isih ngloewari, apadéné kang dakarep-arep bakal ngloewari manèh.

11 Menawa kowé oega pada ngréwangi akoe srana pandonga, soepaja wong akèh pada saosa poedji sokoer krana akoe awit saka sih kang kaparingaké marang akoe.

12--2:4. Bab tindaké Rasoel Paoel menjang ing Korinta dioendoeraké.

12 Awit déné kang dakegoengaké ija ikoe paseksiné roemasaning atikoe, jèn moenggoeh lakoekoe ana ing donja; witné kang toemrap ing kowé, ikoe pada klawan pasadja lan éklas kang saka Allah, ora nganggo kapinteran tjara daging, nanging nganggo sih-rahmaté Allah.

13 Sabab kang dadi liré lajangkoe marang kowé, ikoe ora lija apa kang pada kowatja lan ko-ertèni mangka pangarep-arepkoe moega kowé pada mangertia nganti sapantogé.

14 Ija dikaja enggonmoe woes pada mangerti ing sawetara moenggoeh ing ngatasé akoe, jèn akoe iki pada dadi goenggoenganmoe, kaja déné kowé ija bakal pada dadi goenggoengankoe bésoek dinané Goesti Jésoes.

15 Déné sadjroné panganggepkoe kang mengkono ikoe akoe maoené wis doewé nijat nemoni kowé, soepaja kowé paḍa olèha sih kaping pindoné.

16 Sedyakoe menjang ing tanah Makedoni metoe ing negaramoe, noeli saka ing tanah Makedoni mbalèni kowé maneh, soepaja bandjoer kokon ngateraké menjang ing tanah Joedéa.

17 Enggonkoe doewé sedya mengkono ikoe, apa ija klawan goemampang? Oetawa enggonkoe doewé sedya ikoe apa daksedyakaké tjara daging, temah akoe iki saḍéla doewé oedjar ija, ija, saḍéla: ora, ora?

18 Demi Allah kang setya toehoe: pitoetoerkoe kang marang kowé ikoe ora genti ija, genti ora.

19 Awit déné Poetrané Allah Jésoes Kristoes, kang woes dakwoelangaké ana ing antaramoe, ija akoe lan Silwanoes toewin Timotéoes, ikoe doedoe ija lan ora, nanging djoemenengé moeng dadi ija baé.

20 Sabab sepira anané prasetyané Allah ikoe ana ing Kristoes pada dadi ija, lan pada dadi amin, soepaja kaloehoerané Allah lantaran akoe.

21 Déné kang njantosakaké akoe karo kowé ana ing patoenggilané Kristoes, lan kang woes ndjebadi akoe, ikoe Allah,

22 ija kang woes maringi tanḍa tjap marang akoe, toewin maringi Roh minangka pandjer ana ing atikoe.

23 Nanging akoe iki njeboet marang Allah dadi seksi ing ngatasé njawakoe, jèn enggonkoe ora nekani manèh ing Korinta ikoe awit akoe ngéman marang kowé.

24 Ora-orané jèn akoe pada masésaa ing pratjajamoe, nanging akoe pada ngréwangi nenangi ing kaboengahanmoe. Jèn ta moenggoeh ing pratjaja kowé rak wis pada bakoeh.


BAB 2.

1 Jèn ta moenggoeh akoe déwé moeng iki kang dadi sedyakoe, adja nganti klawan prihatin enggonkoe nekani marang kowé manèh.

2 Sabab menawa akoe kang gawé prihatinmoe, sapa ta kang gawé boengahkoe, kedjaba kang dakgawé prihatiné ikoe?

3 Mangka enggonkoe noelis bab prakara iki marang kowé, pantjèn soepaja satekakoe adja kongsi akoe nemoe prihatin marga déning wong