wong brajaté Chloé, jèn ing antaramoe ana dredah.
12 Liré toetoerkoe maoe mengkéné: Sidji-sidjiné panoenggalanmoe teka doewé oedjar: Akoe iki manoet Paoel. Akoe manoet Apollos. Akoe manoet Kéfas. Akoe nḍèrèk Kristoes.
13 Apa Sang Kristoes kapérang-pérang? Apa Paoel kang kasalib krana kowé? Oetawa enggonmoe pada kabaptis ikoe apa nganggo djenengé Paoel?
14 Akoe sokoer marang Allah déné akoe ora mbaptis wong panoenggalanmoe kedjaba moeng Krispoes lan Gajoes.
15 Adja nganti ana kang ngarani jèn enggonkoe mbaptis ikoe nganggo djenengkoe.
16 Moeng akoe ija mbaptis brajaté Stéfanas. Alija saka ikoe akoe ora kélingan jèn taoe mbaptis wong manèh.
17 Awitdéné enggonkoe dioetoes déning Kristoes, ora kapatah mbaptis, nanging nggelaraké Indjil. Adja nganggo kawasisaning temboeng, soepaja salibé Sang Kristoes adja nganti dialakaké.
18 Marga pitoetoer bab salib ikoe sanadyan dadi kapoenggoengan moenggoeh wong kang bakal pada tiwas, nanging moenggoeh kita kang pada kapitoeloengan rahajoe dadi sawab kang saka ing Allah.
19 Sabab ana toelisan mengkéné: Kawasisané para wasis bakal Soenleboer, lan pangertiné para kang mangerti bakal Soensirnakaké.
20 Ana ing ngendi wong kang wasis? Ing ngendi wong oelama ? Ing ngendi djoeroe bantah ing djaman iki? Allah apa ora woes moenggoengaké kawasisané djagad iki?
21 Sabab sarèhné djagad sadjroné kawitjaksanané Allah ora nganti ngawroehi marang Allah srana kawasisan, moelané woes dadi keparengé Allah mitoeloengi rahajoe marang wong kang pada pratjaja srana kapoenggoengan kang dioendangaké.
22 Marga wong Jahoedi ikoe pada ndjaloek pratanda, lan wong Joenani pada ngoepaja kawasisan.
23 Balik akoe iki pada ngoendangaké Kristoes kang sinalib, kang dadi sandoengan moenggoeh wong Jahoedi lan kapoenggoengan moenggoeh wong Joenani.
24 Nanging moenggoeh para kang katimbalan, wonga Jahoedi wonga Joenani, Kristoes kang dadi kasektèné Allah lan kawitjaksanané Allah.
25 Awit déné poenggoengé Allah ikoe wasisé ngoengkoeli kawasisané manoesa, lan apesé Allah ikoe rosané ngoengkoeli karosané manoesa.
26 Pada nitènana baé, enggonmoe katimbalan, para sadoeloer, jèn ora akèh wong wasis tjara daging, ora akèh wong kawasa, ora akèh wong bangsa loehoer.
27 Nanging kang poenggoeng moenggoeh ing djagad ikoe kang dipilih déning Allah soepaja mirangna para wasis. Lan kang apes moenggoeh ing djagad ikoe kang dipilih déning Allah soepaja mirangna kang rosa.
28 Apadéné kang asor moenggoeh ing djagad lan kang nista ikoe kang dipilih déning Allah, sarta kang ora ana, soepaja ngorakna kang ana.
29 Dimèn adja ana daging kang goemoenggoeng ana ingarsané Allah.
30 Nanging saka ing Pandjenengané enggonmoe pada ana ing Kristoes Jésoes, kang woes dadi kawitjaksanan, kasampoernan, kasoetjèn lan paneboes, saka Allah krana kita.
31 Soepaja dikaja kang woes ka-