7 Lan kowé ija adja pada dadi wong njembah brahala kaja sawenèhing panoenggalané, kaja kang katoelisan Wong akèh pada loenggoehan mangan lan ngombé, bandjoer pada ngadeg soekan-soekan.
8 Sarta kita adja pada lakoe djina kaja sawenèhing panoenggalané ija pada lakoe djina, temahan ana wong rong leksa teloeng èwoe mati bareng sadina.
9 Karomanèh kita adja pada njoba marang Sang Kristoes, kaja sawenèhing panoenggalané ija paḍa njoba, temahan pada tiwas déning oela.
10 Kang sarta adja pada nggroendel, kaja sawenèhing panoenggalané ija pada nggroendel, temahan pada tiwas déning djoeroe panoempes.
11 Anadéné enggoné pada ketekan kang mengkono maoe, kabèh ikoe minangka dadi pangilon. Sarta enggoné katoelisan ikoe soepaja dadia pangéling-éling marang kita, kang woes pada katekanan poengkasané djaman.
12 Kang ikoe sing sapa roemasa ngadeg, dingati-ati adja kongsi tiba.
13 Kowé ikoe doeroeng pada ketaman ing panggoḍa kedjaba kang sakoewaté manoesa, mangka Allah ikoe setya toehoe, kang ora bakal marengaké kowé digoda kongsi loewih saka sakoewatmoe, malah bareng lan panggoda ija bakal maringi marganing oewal oega, soepaja kowé pada bisaa mbetahaké.
14 Moelané para kekasihkoe, pada njingkirana pangabekti ing brahala.
15 Pitoetoerkoe kaja marang wong kang doewé pangerti, pada nimbanga déwé apa kang dakpitoetoeraké.
16 Toewoenging pamoedji kang kita poedjèkaké ikoe apa ora minangka patoenggalan klawan rahé Sang Kristoes? Roti kang kita tjoewil-tjoewil ikoe apa ora minangka patoenggalan klawan sarirané Sang Kristoes?
17 Sabab rotiné ikoe sidji, mengkono kita wong akèh ija pada dadi badan sidji, marga kabèh pada kedoeman saka roti sidji ikoe.
18 Pada nitènana Israèl kang moenggoeh ing daging. Wong kang mangan koerban ikoe apa ora pada tetoenggalan karo mesbèh ?
19 Kang ikoe toetoerkoe apa? Apa akoe ngarani jèn brahala ikoe ana kanjataané? Oetawa jèn sesadjèning brahala ana kanjataané ?
20 Malah pitoetoerkoe jèn sabarang kang disadjèkaké déning wong kapir, ikoe enggoné njadjèkaké marang para demit, ora marang Allah. Mangka doedoe karepkoe jèn kowé paḍa tetoenggalan karo para demit.
21 Ora kena kowé pada ngombé ing toewoengé Goesti karo ing toewoengé para demit. Ora kena kowé pada doewé pandoeman ing médjané Goesti lan ing médjané para demit.
22 Apa ta kita pada nedya memoengoe bentèring panggalihé Goesti? Apa ija karosan kita ngoengkoeli Pandjenengané?