1 Akoe iki apa doedoe rasoel, apa akoe ora merdika? Apa akoe ora woes ndeleng Jésoes Kristoes Goesti kita? Kowé ikoe apa ora dadi garapankoe ana ing Goesti?
2 Saoepama akoe doedoe rasoel moenggoeh ingatasé wong lijané, nanging moenggoeh ingatasé kowé akoe mesti dadi. Marga kowé ikoe kang minangka tanda tjapé karasoelankoe ana ing Goesti.
3 Kang dadi pandjawabkoe marang wong kang pada ndjeksani akoe ikoe mengkéné:
4 Apa akoe pada ora wenang mangan lan ngombé?
5 Apa akoe pada ora wenang ngadjak sadoeloer wadon minangka bodjo, pada kaja para rasoel lijané toewin para sadèrèké Goesti apadéné Kéfas?
6 Kedjaba menawa moeng akoe lan Barnabas kang pada ora diwenangaké ora njamboet gawé.
7 Endi ana pradjoerit beblandja saka doewèké déwé? Endi ana wong gawé pakebonan anggoer, teka ora mangan wohé? Lan endi ana wong angon, teka ora ngrasakaké poewané kéwan kang diengon?
8 Toetoerkoe mengkono ikoe apa tjara manoesa? Apa ing angger-angger ora mengkono oega dawoehé?
9 Djenèh ing Torèté Moesa ana toelisan mengkéné: Sira adja mbrongsong tjangkemé sapi kang lagi dienggo noetoe. Allah apa ija nggoematosi sapi?
10 Apa pantjèn krana akoe para abdiné enggoné ngandika mengkono ikoe? Ija dasar krana akoe anané toelisan maoe, marga kang mloekoe ikoe pamloekoené koedoe klawan ngarep-arep, lan kang noetoe ikoe ija klawan ngarep-arep bakal olèh kang dadi pangarep-arepé.
11 Jèn ta kowé pada daksebaraké barang rohani, apa kebangeten menawa akoe pada ngenèni barangmoe kang djasmani?
12 Menawa wong lijané pada wenang olèh pandoeman saka kowé, apa akoe ora loewih manèh? Nanging akoe pada ora nandoekaké wewenang kang mengkono ikoe, malah pada mbetahaké samoebarang, soepaja adja kongsi ngalang-alangi marang Indjilé Sang Kristoes.
13 Kowé apa pada ora soemoeroep, jèn wong kang ngladèni ing padaleman soetji ikoe pangané ija saka ing padaleman soetji kono, lan kang ngadep ing mesbèh ikoe pada olèh pandoeman ija saka ing mesbèh?
14 Mengkono oega pamranatané Goesti moenggoeh wong kang pada nggelaraké Indjil ikoe, jèn oeripé ija saka ing Indjil.
15 Nanging moenggoeh akoe iki ora pisan nandoekaké wewenang ikoe maoe, lan enggonkoe noelis iki ora soepaja kelakona mengkono ingatasé akoe. Awit akoe milaoer mati katimbang karo mengkono, soepaja adja ana kang mbatalaké djalaraning goemoenggoengkoe iki.
16 Sabab menawa akoe nggelaraké Indjil, ikoe ora kena dakegoengaké, awit akoe iki kepeksa, malah bilai akoe menawa ora nggelaraké Indjil.
17 Déné saoepama daklakoni saka karepkoe déwé, ikoe beneré akoe