atiné, bakal njengker prawané, ikoe kang betjik.
38 Dadiné sapa kang ngomah-omahaké prawané, ikoe betjik. Lan sapa kang ora ngomah-omahaké, ikoe loewih betjik manèh.
39 Wong wadon ikoe ketalèn ing angger-angger sadjegé oeripé kang lanang, nanging menawa kang lanang woes ngadjal, dadi woes wenang laki ing sakarepé, angger ana ing patoenggilané Goesti.
40 Nanging pangrasakoe loewih begdja lamoen loeloes kaja mengkono. Mangka pandoegakoe akoe iki ija kadoenoengan Rohé Allah.
1 Bab ingatasé sesadjèning brahala ikoe, kita pada soemoeroep jèn kita kabèh doewé kawroeh. Kawroeh ikoe marakaké koementoes. Moeng katresnan kang mbangoen.
2 Menawa ana wong kang doewé kira ngawroehi apa-apa, ikoe pangawroehé doeroeng kaja ing sapatoeté.
3 Nanging menawa ana kang tresna marang Allah, ikoe kaoedanènan déning Allah.
4 Kang ikoe moenggoeh pamangané sesadjèning brahala maoe, kita pada soemoeroep jèn brahala ikoe ora ana kanjataané ing djagad, sarta jèn ora ana Allah lijané kedjaba moeng sidji.
5 Oedjer sanadyan ana oega kang diarani Allah, dadia ing swarga oetawa ing boemi, -- kaja anané para allah akèh lan para goesti akèh, --
6 nanging moenggoeh ing kita Allah moeng sidji Sang Rama, kang dadi toeké samoebarang, lan kita pada loemadi marang Pandjenengané, sarta Goesti sidji: Jésoes Kristoes, kang dadi margané samoebarang ana, lan kaanan kita ija marga déning Pandjenengané.
7 Ewadéné ora wong kabèh pada kadoenoengan kawroeh. Sawenèh ana kang sapréné isih doewé roemasa bab anané brahala, dadiné enggoné pada mangan ikoe kaja pantjèn sadjèning brahala, lan roemasaning atiné sarèhné ringkih temah dadi djember.
8 Sanjatané doedoe pangan kang ndadèkaké kita pada katrimah ing Allah, awit dadia kita pada mangan, ora dadi lan ondjo kita, dadia ora mangan, ora dadi lan koetjiwa kita.
9 Moeng kowé pada diawas, wewenangmoe ikoe adja nganti dadi sesandoengané wong kang pada ringkih.
10 Sabab menawa ana wong weroeh kowé kang doewé kawroeh kemboel mangan ana ing kaboejoetan, roemasaning atiné wong ikoe saoepama ringkih, apa ora bakal kawanèkaké mangan sesadjèning brahala?
11 Sadoeloer kang ringkih ikoe dadiné rak bakal nemoe tiwas marga saka kawroehmoe, mangka ta Kristoes woes nglampahi séda krana saka wong ikoe.
12 Enggonmoe gawé dosa mengkono marang pada sadoeloer, klawan nenatoni roemasaning atiné kang ringkih, ikoe dadiné kowé pada gawé dosa marang Kristoes.
13 Moelané menawa kang roepa pangan dadi sesandoengan marang sadoeloerkoe, akoe trima ora mangan daging ing salawas-lawasé, soepaja adja nganti gawé sesandoengan marang sadoeloerkoe.