Menyang kontèn

Kaca:Korinta.pdf/10

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

dikaja enggoné kagandjar déning Allah, dikaja enggoné katimbalan déning Goesti. Ija mengkono kang dadi pamranatakoe ana ing sakèhé pasamoean.

18 Menawa ana kang katimbalan woes tetakan, adja moelihaké labeté. Menawa ana kang katimbalan ikoetan, adja nglakoni tetak.

19 Tetak ikoe doedoe apa-apa, lan ikoetan doedoe apa-apa. Kang perloe moeng netepi pepakoné Allah.

20 Saben wong ikoe loeloesa kaanané kaja ing nalikané katimbalan.

21 Menawa kowé dadi batoer toekon nalika katimbalan, ikoe adja kograntesaké. Nanging menawa kowé bisa oega dadi merdika, ikoe aloewoeng trimanen.

22 Sabab batoer toekon samasa katimbalan mandjing patoenggilané Goesti, dadi wong merdika kagoengané Goesti. Mengkono oega wong merdika samasa katimbalan, dadi abdi toembasané Kristoes.

23 Kowé woes pada tinoekoe larang. Adja kongsi dadi batoer toekoné manoesa.

24 Hé, para sadoeloer, seḍéngaha kaanané wong ing nalikané katimbalan, ikoe diloeloesna ana ing ngarsané Allah.

25--40. Bab lakoe wadat.

25 Anadéné bab para prawan, ikoe ora ana dawoehé Goesti marang akoe, nanging akoe nglairaké pangrasakoe, kaja kang kena dipratjaja marga oleh palimirma saka Goesti.

26 Kang ikoe panimbangkoe, awit saka bakal anané bebaja, betjik wong nglakoni kaja mengkéné iki:

27 Menawa kowé woes ketalèn ing rabi, adja ngarah pegaté. Menawa ora ketalèn ing rabi, adja golèk rabi.

28 Éwadéné menawa kowé rabi, kowé ora dosa. Lan menawa ana prawan laki, ikoe ija ora dosa. Nanging kang mengkono ikoe bakal pada kesangsaran moenggoeh ing daging, mangka akoe iki ngéman marang kowé.

29 Moeng pitoetoerkoe, para sadoeloer djamané woes tjenḍak. Kang ikoe ing sabandjoeré sanadyan para kang doewé bodjo ija dikaja ora doewé.

30 Kang pada nangis dikaja ora nangis. Kang boengah dikaja ora boengah. Kang toekoe dikaja ora ndoewèni.

31 Lan kang ngenggo ing donja iki dikaja pada ora ngenggo. Awit sipaté donja iki owah gingsir.

32 Mangka karepkoe soepaja kowé adja pada melang-melang. Wong woedjang ikoe merlokaké kang moenggoeh ing Goesti, keprijé enggoné moerih keparengé Goesti.

33 Balik wong kang doewé rabi ikoe merlokaké kang moenggoeh ing donja, keprijé enggoné moerih kasenengané kang wadon,

34 temahan dadi mangro. Wong wadon kang woedjang pada oega karo prawan merlokaké kang moenggoeh ing Goesti, soepaja dadia soetji badan lan soekmané. Balik kang doewé laki ikoe merlokaké kang moenggoeh ing donja, keprijé enggoné moerih kasenengané kang lanang.

35 Pitoetoerkoe iki moerih betjikmoe déwé, ora moerih masangi djiret marang kowé, malah moerih apa kang patoet lan kang ndadèkaké mantepmoe ing Goesti kang klawan ora mandeg toemolih.

36 Éwadéné menawa ana wong kang ndoega ora aroes prawane kongsia loengsé, mangka koemoedoe-koedoe mengkono, ija apa sakarepé. ora dadi dosané, dimèna pada nikahan.

37 Balik menawa ana kang panggah atiné, ora kepeksa ing apa-apa, nanging bisa mengkoe karepé déwé, sarta woes gawé pantjasan ana ing