PAOEL MARANG PASAMOEAN ING KORINTA
LAJANG KANG KAPISAN
1 Lajangkoe Paoel, kang katimbalan marga saka karsané Allah dadi rasoelé Jésoes Kristoes, karo sadoeloer Sostenès,
2 toemekaa marang pasamoeané Allah kang ana ing Korinta, para kang sinoetjèkaké ana ing Kristoes Jésoes, para soetji kang katimbalan dalah sakèhé wong kang njeboet Asmané Goesti kita Jésoes Kristoes ana ing saenggon-enggon, ija ing kana, ija ing kéné,
3 sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.
4 Tan pegat enggonkoe saos sokoer marang Allahkoe bab ingatasé kowé, awit saka enggonmoe pada kaparingan sih-rahmaté Allah ana ing Kristoes Jésoes.
5 Déné sadjroning patoenggilané Goesti kowé woes pada dadi soegih samoebarang, ija sakèhé pitoetoer lan sakèhé kawroeh,
6 marga paseksi ing bab Sang Kristoes ikoe woes kajektèkaké ana ing antaramoe.
7 temah kowé pada ora koetjiwa bab seḍengaha gandjaran, sadjroné pada nganti-anti kebabaré Goesti kita Jésoes Kristoes.
8 Kang ija bakal njantosakaké kowé kongsi toemeka ing wekasan, temah pada tanpa tjatjad bésoek dinané Goesti kita Jésoes Kristoes.
9 Allah ikoe setya toehoe, kang woes nimbali kowé marang patoenggilané Kang Poetra Jésoes Kristoes, Goesti kita.
10 Soeprandéné pangoedikoe marang kowé para sadoeloer, marga saka Asmané Goesti kita Jésoes Kristoes, kowé pada saroedjoeka, lan adja nganti ana pasoelajan ing antaramoe, nanging malah pada roemaketa enggonmoe toenggal boedi lan toenggal pangrasa.
11 Awit akoe diwartani moenggoeh kowé para sadoeloerkoe, déning