joga toemrap ing wong djaba, lan nganggoa nggemèni mangsa.
6 Tjlatoemoe salawasé diseḍep, kaboembonana oejah, temah kowé pada tjakep njaoeri sawidji-widjining wong ing sabeneré.
7 Apa ing sakaanankoe ikoe kang bakal njritakaké marang kowé: Tichikoes, sadoeloer kekasih lan abdi kang toememen toewin kantjakoe soewita ana ing patoenggilané Goesti,
8 kang moelané dakkongkon nemoni kowé, soepaja kowé pada soemoeroepa ing kaanankoe lan pada dilipoera atimoe.
9 Sarta dakkanțèni Onésimoes, sadoeloer kang toememen lan kekasih, kang saka panoenggalanmoe. Ikoe bakal pada njritani kowé apa saanané lelakon ing kéné kabèh.
10 Aristarchoes, kantjakoe kinoendjara, kirim salam marang kowé, karodéné Markoes, kaponakané Barnabas -- bab ingatasé ikoe kowé woes pada tampa wewekas, satekané ing kowé tampanana --,
11 mengkono manèh Jésoes kang karan Joestoes. Panoenggalané wong tetakan moeng ikoe para réwang ing gawé moenggoeh kratoné Allah kang pada ngledjaraké atikoe.
12 Épafras, kang saka panoenggalanmoe, ija kirim salam marang kowé, ikoe abdiné Kristoes kang tansah nggoebel enggoné ndongakaké kowé, moega pada bakoeha klawan sampoerna lan katog moenggoeh ing sakarsané Allah.
13 Pantjèn dakseksèni jèn banget enggoné naberèni kowé lan para sadoeloer ing Laodikéa toewin ing Hirapolis.
14 Loekas, doekoen kang kekasih, karo Démas pada kirim salam marang kowé.
15 Salam pandongakoe maranga para sadoeloer kang ana ing Laodikéa, karodéné Nimfas lan pasamoean kang ana ing omahé.
16 Anadéné lajang iki menawa wis kawatja ana ing kowé, pada moeriha, soepaja ija kawatjaa oega ana ing pasamoean ing Laodikéa, lan kowé ija pada matjaa kang saka ing Laodikéa ikoe.
17 Pada toetoera marang Archippoes: Kowé nitia ing boeboehan kang kotampani ana ing patoenggilané Goesti, soepaja kotetepana.
18 Salam pandongakoe nganggo toelisan tapak tangankoe: Paoel. Pada éling-élingen enggonkoe kabanda. Sih-rahmat noenggila ing kowé. Amin.