Menyang kontèn

Kaca:Kolossé.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

kadoenoengan sapenoché sipaté Allah kabèh kesarira,

10 lan kowé woes pada kapenoehan ana ing Pandjenengané, kang djoemeneng sesirahé saroepané para préntah lan para pangawasa.

11 Sarta ana ing patoenggilané kowé ija woes pada katetakan nganggo tetak kang kelakoné tanpa tangan srana ngroetjat badaning daging kang kadosan, ija ikoe tetaké Sang Kristoes.

12 Amarga kowé woes pada kakoeboer ing baptis nḍèrèk Pandjenengané, lan ana ing patoenggilané ija woes pada nḍèrèk katangèkaké srana pratjaja marang kawasané Allah, kang moengokaké Pandjenengané saka ing antarané wong mati.

13 Anadéné kowé kang pada mati marga déning panerak lan ikoetaning dagingmoe, ija woes pada dioeripaké nḍèrèk Pandjenengané, amarga sakèhé panerak kita pada diapoera,

14 sarta lajang pratanda oetang, kang dadi lawanan kita marga saka isiné pepatjak, dileboer lan disingkiraké srana kapakoe ing kajoe salib.

15 Apadéné para panggedé lan para pangawasa sawoesé didėdėli gegamané, bandjoer pada digawé tontonan, lan marga saka ikoe enggoné mratandani ana ing eblakan, jèn wis pada dikasoraké.

16--19. Pepéling ngélikaké para djoeroe panasaran.

16 Kang ikoe adja ana wong kang ngoekoemi kowé bab mangan lan ngombé, oetawa bab dina rijaja lan pananggalan toewin Sabbat.

17 Sabab ikoe kabèh moeng wewajangané kang bakal ana, nanging kang kagoengan sarira ikoe Sang Kristoes.

18 Adja ana wong kang moeroengaké bangbangané taroengmoe klawan demen ngasor-asor lan memoedja malaékat, ngakoe-akoe ndeleng kang ora katon, sarta tanpa sabab enggoné koementoes déning boediné kadagingan,

19 lan ora ngoegemi ing sesirah, kang dadi wiwité sarira sakodjoer enggoné saja moendak saka sawabé Allah, marga sinanggit-sanggit lan tjinatok-tjatok srana ros-rosan lan tjetjatokan.

20--3:4. Bab nḍèrek mati lan nḍèrèk tangi klawan Goesti Kristoes.

20 Kang ikoe menawa kowé woes pada ndèrèk mati klawan Sang Kristoes moenggoeh ing kamoelané djagad, keprijé déné kowé teka pada dipepatjaki kajaa isih oerip ana ing djagad?

21 Ija ikoe kajata adja ndedoemoek, adja ngengitjipi, adja nggegepok.

22 Mitoeroet pepatjak lan woelangané manoesa, mangka kang kaja mengkono ikoe kabèh pinesți leboer sadjroné dienggo.

23 Semoené ija kaja kawitjaksa-