RASOEL PAOEL
MARANG PASAMOEAN ING
KOLOSSÉ
1 Lajangkoe Paoel, rasoelé Jésoes Kristoes awit saka karsané Allah, lan sadoeloer Timotéoes,
2 toemekaa marang para soetji, ija para sadoeloer kang pratjaja ana ing patoenggilané Kristoes, kang ana ing Kolossé, sih-rahmat lan tentrem rahajoe anaa ing kowé saka Allah Rama kita lan Goesti Jésoes Kristoes.
3 Akoe tansah pada saos sokoer marang Allah kang Rama Goesti kita Jésoes Kristoes klawan ndongakaké kowé,
4 marga akoe woes pada ngroengoe pawarta bab pratjajamoe marang Kristoes Jésoes lan bab katresnanmoe marang para soetji kabèh,
5 krana saka pangarep-arep kang kagaḍangaké marang kowé ana ing swarga, kang woes koroengoe prasabené marga saka pangandikaning kajektèné Indjil,
6 kang woes toemeka ing kowé. Malah ija ana ing sadjagad kabèh enggoné metokaké woh lan saja moendak kaja ana ing antaramoe, wiwit ing dinané enggonmoe pada ngroengoe, sarta enggonmoe njoemoeroepi sih-rahmaté Allah ing sanjatané.
7 Ija kaja enggonmoe pada diwoelang déning Épafras, kantjakoe ing gawé kang kekasih, abdiné Sang Kristoes kang setya toehoe ingatasé kowé,
8 kang woes njritani akoe bab katresnanmoe ana ing patoenggilané Roh.
9 Moelané wiwit nalika akoe pada olèh pawarta maoe, ija ora pegat enggonkoe pada ndongakaké kowé, panjoewoenkoe moega-moega kowé pada kapenoehana ing kawroeh marang karsané Goesti sadjroning saroepané kawitjaksanan lan pangerti kasoekman.
10 Soepaja pada doewéa lakoe kang sembada moenggoeh ing Goesti lan kang ketrimah ing sedéngaha patrap. Temah pada metokaké woh aroepa sakèhé panggawé betjik, klawan saja moendak enggonmoe pada wanoeh marang Allah,
11 sarta pada kakoewataké nganggo saliring karosan mitoeroet kawasaning kaloehoerané, dadi lan sakèhé sabar mantep, diklawan boengah.